Cerkak(BikinBaper)







Ngeculake kanca

“Ma..aku budal yaa,assalammuallaikum”budalku sekolah,”iyoo nduk sing ati- ati yoo?waallaikummsallam”jawab e mamaku. Aku ngampiri omah e Intan”Tan Intan?..Oh iyoo Intan saiki piket,paling ws budal”aku mlaku.Saktekane ning sekolah aku weruh Intan“Tan..tan..tan..Intan”bengokku karo nguber Intan,”Tan kowe mau tak susul,tapi aku lali yen kowe piket,ahahhah”guyonku sing gakdisauti Intan,”Tan,kowe kenapa ta kok meneng ae,lara apa?”takonku maneh.Aku wes krasa yen Intan nesu perkara aku diterno Sandi wingi.”TAN!”sentakku “Apa ta Sar?”jawab e Intan karo mrengut. “Aku karo Sandi gak onok hubungan apa- apa Tan,Aku karo Sandi mung kanca kelompok.Wingi aku karo Sandi teka garap tugas”Jelasku nang Intan sing wes abang kupinge,amarga Sandi ngeterno aku mulih sekolah wingi.Intan mung nguwasno lan ngaleh mlebu kelas e,ora nggugu omonganku. Aku mung bisa meneng lan bingung karo sikap e Intan sing ora kena disapa.”Tan kowe ko berubah seh,kowe ora tau sepegel iki”Batinku karo mlaku nang kelasku...
Intan kuwi kanca plekku,omah e yo pas ing ngarep omahku.Mung Intan kanca wadon sapantaranku sing onok ning komplek nggon omahku.Mula aku karo Intan ora tau tukaran ket cilik sampek saiki,sifat e Intan kuwi andhap asor,sregep,alus lan pinter,nanging sawise munggah kelas 11 SMA iki sikap e Intan marang aku bedo,yen ketemu kadang ora tau nyapa,aku karo Intan yo jarang komunikasi,sing nggarai aku karo Intan tambah adoh yaiku aku sak kelas karo Sandi.Aku karo Sandi pada njukuk kelas IPA bedo karo Intan sing njukuk kelas Bahasa.Yo..Sandi kuwi arek sing disenengi Intan teka SD sampek saiki,nanging Sandi ora weruh yen disenengi Intan. Sandi kuwi ancen arek sing sumeh,pinter lan nduweni bakat,mula akeh sing seneng marang Sandi.  
Sandi teka lan lunngguh ning sandingku,”Sar,apa a ta?kok nglamun ae,ati- ati kesurupan lhoo.”Sapa e Sandi,”Ehh San,ora apa- apa kok,aku grung sarapan ae.”jawabku. “Ayo ngkok istirahat mangan bareng”ajak e sandi marang aku”Sepurane San aku mengko sek kate nang perpustakaan.”jawabku lirih”Yowes ngkok mulih e tak terno maneh yoo Sar?”,”Ora usah San,aku bareng Intan mengko”jawabku maneh,Sandi meneng lan mantuk- mantuk. Sedina kuwi aku terus mikirno Intan sing terus nesu nang aku,saben kepetok neng sekolah ora gelem nguwasno lan nyapa aku. Bedo karo pas kelas 10 biyen,malah seneng yen aku sak kelas karo Sandi,amarga Intan iso takon- takon marang aku lapo ae Sandi yen ning kelas. 
Wes patang wulan iki Intan karo aku ora nyapa,aku ora ngerti maneh aku kudu piye,sampek akhire sore iki aku nang omah e Intan. “Tan..Intan..”Celuk ku neng ngarep omah e. Intan metu,”Apa maneh Sar?”jawab e Intan ketus,”Tan aku pingin ngomong karo kowe,tapi ora ning kene Tan.”njalukku”Yowes aku yo kate ngomong karo kowe Sar,ayo nang sanggar ae”.Sanggar kuwi panggonan sing biasa digawe latihan tari aku karo Intan,sanggar kuwi duwene keluargane Intan. Saktekane ning sanggar,aku langsung ngawiti omongan.”Tan aku te takon,apa kowe sek nesu Tan karo aku?kowe ora tau nyapa aku seminggu iki”pitakonku alon- alon marang Intan.”Iyo Sar,aku nesu perkoro kowe cidek karo Sandi,ora mung iku tapi sing paling gawe aku pegel nang kowe amarga Sandi seneng e nang kowe Sar dudu nang aku.”Jawab e Intan”Aku krungu dewe teko Sandi,amarga aku seminggu wingi ngomong nang Sandi yen aku seneng lan duwe rasa tresna marang Sandi.”sambunge Intan.
“Maksutmu apa Tan??Kowe ngmong nang Sandi,tapi Sandi seneng nang aku?aku ora paham karo omonganmu”Aku kaget lan gurung mudeng apa sing diomongno Intan. “Iyo Sar,aku ws suwe krungu teko kanca- kancane Sandi yen kowe disenengi Sandi,KENAPA KOWE ORA PACARAN AE KONO KARO SANDI,KOWE MUNG MBUJUK I KANCAMU IKI!!!”Sentak e Intan,ora krasa wes deres luhku saking kagetku yen Intan bisa nyentak- nyentak kaya ngene. “Tan,aku ora tau duwe rasa luwih teka kanca marang Sandi,aku wis ngerti yen kowe  seneng nang Sandi,aku ora duwe pikiran gawe ngrebut Sandi teka kowe Tan.Tolong percaya aku Tan!!”jawabku karo nangis. ”Yaapa aku iso percaya nang kowe Sar,lek kowe gk iso jujur nang aku...””Kowe yo seneng kan nang Sandi,Sar?kenapa gak jujur ae.Aku getun Sar,wis tau cerita nang kowe wis njaluk tolong gawe nyidekno aku karo Sandi. Mangkane Sandi nggak iso seneng nang aku amarga ana kowe sing luwih dikenal dheweke,kowe beruntung Sar iso disenengi Sandi.”Omonge Intan sing katon pegel banget.
“Sepurane Tan,aku wis ora jujur nang kowe yen aku yoo seneng nang Sandi.Aku biyen wis arepe ngomong nang kowe tapi wis kedisikan kowe,dadi aku milih meneng tinimbang gawe tukaran wae,tapi aku wis ikhlas yen kowe seneng nang Sandi,amarga kowe kancaku Tan,kanca sing palin tak eman- eman.”tegesku nang Intan,”Tapi pada wae kowe ngapusi aku Sar,aku nelangsa Sar kok isone kowe ngalah lan nglarani atimu dhewe mung gawe aku.Tinimbang kowe sing ngalah mending aku wae Sar ,amarga Sandi sing jelas seneng nang kowe.Percuma aku maju lek anggone mekso,tambah bakal nggak karuan kahanane Sar”.Aku lan Intan mung pada gethune amarga ws pada ora jujur.”Wegah Tan aku luweh milih kancaan rukun maneh karo kowe Tan,amarga golek kanca sing apik kuwi angel Tan.Mung kowe kanca sing tak eman- eman Tan. Aku wegah ngeculno kowe gawe milih Sandi Tan”welasku nang Intan.”Ora apa- apa Sar aku wis ikhlas”tegese Intan maneh,nanging aku sih grung iso nerima kahanan sing kaya ngene dadi aku karo Intan padha luweh milih ngeculake Sandi,”Tan..Intan,aku yowes ikhlas,ayoo akur maneh kancanane,sepurane aku yoo”omongku lirih,”Ayo Sar,aku yoo kesel wes patang wulan ora tau nyapa kowe maneh,sepurane aku pisan yoo Sar?”Aku lan Intan padha nangis ning rangkulan. 
Akhire aku lan Intan padha- padha nyepurani keluputane,mbangun kekancan sing luweh apik maneh lan luweh dewasa maneh kanggo nyikapi masalah sing iso garai konflik,lan bisa jujur lan ikhlas marang saben keputusan sing dipilih.lan nglakoni urip kayata biasane.

Komentar

Postingan populer dari blog ini